Oleh: Adhipati Genk Kobra
Mbaka siji dak ronce dadi gurit panjering ati
Wis kadung semi ngerembuyung
Rinabuk sekar Asmarandana
Satemah mekar kembang angganda wangi
Tulusing manah krenteging karep
Bakal dak reksa nganti puputing yuswa
Nadyan kudu ngadepi sandungan urip lan panguripan
Bebarengan numpak baita asmara
Ndarat ing bandar katresnan
Wis dadi sedyaku!!!
Nanging....
ya gene trubus kang wis ngrembuyung kudu dak papras???
atiku nratap...
jalu khasil ngrebut tresnamu
Iya yha???
tutugna anggonmu senengan ngumbar nepsu...
aku dak jumangkah ijen mecaki wektu...

Tidak ada komentar:
Posting Komentar