Sabtu, 31 Juli 2010

PANJERING ATI

         Oleh:  Adhipati Genk Kobra


Mbaka siji dak ronce dadi gurit panjering ati
Wis kadung semi ngerembuyung
Rinabuk sekar Asmarandana
Satemah mekar kembang angganda wangi
Tulusing manah krenteging karep

Bakal dak reksa nganti puputing yuswa
Nadyan kudu ngadepi sandungan urip lan panguripan
Bebarengan numpak baita asmara
Ndarat ing bandar katresnan
Wis dadi sedyaku!!!

Nanging....

ya gene trubus kang wis ngrembuyung kudu dak papras???
atiku nratap...

jalu khasil ngrebut tresnamu
Iya yha???

tutugna anggonmu senengan ngumbar nepsu...
aku dak jumangkah ijen mecaki wektu...

Jumat, 16 Juli 2010

REINKARNASI

Oleh: Adhipati Genk Kobra


Aku bukanlah Kau...
Aku juga bukan Dia...
bahkan Aku... bukanlah Aku yang dulu....


tersadar dari tidur panjangku....
dan mencoba kembali jelajahi dunia nyata...
karena ternyata dunia maya bukanlah duniaku...

Jumat, 02 Juli 2010

KANCA RAKET

Oleh: Adhipati Genk Kobra

Wengine sansaya mrambat wus meh lingsir
Mripat sepet tan bisa kraket kagubet pikir
Wewayangan pathing klebat, kelingan lelakon kang wis kepungkur
Nalika ngudi ilmu ing pawitan luhur

Kanca raket wis padha mingset
Sumebar tanpa kabar
Kepriye kahananmu???
Apa ora kelingan nalika turu diwulang dosen
Apa wis lali nalika praktikum kartografi

Lumantar gurit kang prasaja
Dak ajab bisa kawaca
Sokur bisa kumpul, nadyan mung sedhela
Kanggo tamba kangen...
Karo ben ora dadi angen

SEDULUR LANANG

                                                        Oleh: Adhipati Genk Kobra


Wis menenga tole...
SiMbok lagi derep tandhur
Bapak Ndandani empyak gapuk

Iki gilho gethuk tela...
kowe dak gendong kewer-kewer
luru sawo mateng sisane codhot
napaki galengan golek ciplukan

Biyen awakmu miyeyet, kuru garing
Saiki gagah pideksa, tur sugih bandha

nanging...
Ya gene saiki nyikut sedulur tuwa
Tumindak tamak, muni tanpa mikir rasa

Elinga thole...
rungakna tembungku minangka sulihe wong tuwa
urip iki ora mung diukur gebyaring DONYA...

Rabu, 09 Juni 2010

KAU

oleh:  Adi Andrepati



kau lah sajak ku
kemilau dicelah rimbun batu
tumbuh subur dihangati rindu

kau lah cinta ku
tempat sajak ku bernaung
dari keruh diri dan amuk pilu

kau lah,
yang paling sajak
yang paling cinta
yang tak terungkap bayang
yang tak terangkum igauan

Minggu, 31 Januari 2010

TAMU AGUNG ING WEKTU SUBUH


oleh: ADHIPATI GENK KOBRA

Aku ngerti yen Slirmu gawa pengarep-arepku

sing bok gawa saka singgasanaMu sing suci

ananging kena ngapa aku kok tetep wegah nemoni Sliramu

ALLAH, nyuwun pangapunten

mata kula taksih bibet mboten kiat melek

amargi godha setan paring impen ingkang endah

menika njalari kula angel emut dumateng panjenengan.....